Sunday 31 July 2011

Dota bintang kabeh:Kael, le ngetokke jurus (Invoker). Season 2

Iki bagian keloro seko paper Dota bintang kabeh sing ngetoke jurus opo gampangane invoker, neng bagian iki bakal dijelaske siji-siji jurus sing iso digunakke pahlawan siji iki nggo merangi anarki lan korupsi (asline ora) lan ugo element-element sing kudu dinggo ben kowe iso ngetokke jurus kuwi. Kuwi kudu diapalke koyo pas kowe mbiyen entuk pelajaran PPKN neng SMP mergo kuwi iso dadi sing nyelametke kowe neng pas situasi genting, nek kowe salah ngetokke jurus rak yo ujung-ujunge misuh sing marai nambah dosa, dadi dolanan iki asline yo marai moral bangsa iki medun drastis. Sing nulis was gur iso ngelus dada pas ono cah cilik SD misuh2 pas dolanan Point Blank, A*U,Bajing*n,(sensor), neng iki ketoke wes out of topik dadi wes wae.

Iki jurus-juruse invoker, jeneng latine, njuk jeneng jawane;
1. Cold Snap (Slentikan Es) , Quas, Quas, Quas
Gambare cen koyo setan, opo nek kowe moco komik sing jenenge Bleach iki koyo topenge Hollow.  Ceritane neng jurus iki Invoker nyelentikke jarine (neng musuhe lah), njuk musuhe bakal keno serangan es cilik-cilik.  Nek musuhe diantil pas ono es e kuwi es e dadi njebluk(asline ora ono) lan musuhe bakal loro, metu getih, moncrot-moncrot, lan mati(muga-muga). Dadi jurus iki medeni banget, nek ono koncomu sing ngewangi ngantil.

2. Ghost Walk (Setan Mlaku) Quas, Quas, Wex
Nek iki cen gambare Invoker, neng diedit nggo photoshop. Seko jenenge kuwi Ghost Walk(Setan Mlaku), dadi Invokere dadi setan gentayangan. Maksude gentayangan kuwi ora iso didelok musuhe, neng koncone yo iso ndelok. Jurus iki iso dinggo nggo ngintip musuh(ora sing gek adus cethone) lan yo nggo mlayu. Jo lali nek kowe durung munggahke levele Wex kowe mlakune dadi alon BGT, Kowe ilange suwi banget, sak menit kliwat tiga puluh menit, dadi iso dinggo dolan ning kamar mandi sikik.

3. Tornado (Puting beliung,ora reti jawane soale) Wex Wex Quas
Gambare iki cen puting beling, lha jurus iki cen marai puting beliung opo Tornado. Dadi Invoker munculke puting beliung sing diarahke neng musuhe, wangune nek koncone keno ora melu mabur. Asline kata "mabur" kuwi kurang pas, ketoke mencelat luwih apih, lha gur rung detik paling suwi, wes ngono yo ora loro2 banget, asline ben gayeng ngisore kudu dipasang watu ben nek do tibo musuhe ndase do bocor njuk modyar.

4. EMP (Gelombang elektromagnetik) Wex Wex Wex
Sing nulis ora duwe ide blas-blasa iki jowone opo, lha wong mbiyen dudu seko jurusan IPA (mbuh nyambung opo ora), dadi Invoker kuwi manipulasi partikel-partikel magnetik lan di gawe njebluk, dadi koyo ora seimbang ngono lah. Neng dolanan iki jurus iki dinggo nggo nyedot Mana ne musuhe ben musuhe ora iso ngetokke jurus-jurus pamungkas. Eleke iki ora langsung njebuk, rak yo musuhe do minggat sikik to? Dadi kowe kudu iso nganggo trik-trik ben jurus iki iso keno pas musuhe.

5. Alacrity  Wex Wex Exort
Ora duwe ide meneh iki jowone opo, neng intine jurus iki marai Invoker ngantile soyo cepet lan soyo loro. Kok iso? Kuwi mergo jurus iki ningkatke refleks dadi awake soyo joss. Ora mung iso dinggo neng Invoker ae, ning yo iso nggo konco-koncomu. Sayange ora iso dikekke ning musuh, neng iso mesti tambah gayeng.

6. Chaos Meteor (Meteor Goro-Goro/Meteor Kisruh) Wex Exort Exort
Gambare koyo meteor, nek kowe ora tau ndelok yo nyetel ae film Armageddon, meteor iki ora gedhe-gedhe banget, ora iso marai kiamat koyo pas jaman dinosaurus, neng yo neng dolanan iki mlebu gedhe lan loro buanget (nek keno loh), Jajal ae pas ono musuh sak kampung teko njuk mbok tokke jurus iki, rak yo do kisruh, njuk do mencar-mencar, Nanging kan jurus iki kudu keno, ora mung nggo meden-medeni ae, man-eman ngko, dadi kudu dikombo hit list karo jurus-jurus liyane.

7. Sun Strike (Bedil Srengenge) Exort Exort Exort
Iki sak jane gambar ono geni tibo seko langit koyo neng pesawat ngebom kuwi, neng sing nulis mesti ndelok iki koyo api unggun. Jurus iki iso diinceng neng ngendi ae sak peta, lha jenenge ae srengenge, rak yo ono neng ngendi-ngendi. Lucune nek mbengi kok yo tetep iso di tokke, padahal rak yo srengengene wes turu genti sang rembulan. Ngepaskene angel, tapi nek kowe iso matene musuh nggo jurus iki iso nggo bahan mbacot.

8. Forge Spirit (Nempo Jiwo) Quas Exort Exort
Wah jenenge wangun ki, iso nggo jeneng padepokan silat. Ceritane Invoker ngetokke pokemon, soale nek kewan ketoke ora mungkin lan yo kewane ora cetho. Anggep ae kuwi salah sawijine spesies dinosaurus. Dinosauruse iso ngetokke geni nggo nembak musuh. Nek elementmu soyo wangun dinosauruse soyo akeh lan tambah kuat.

9. Ice Wall (Es krim Walls/Pager Es) Quas Quas Exort
Iki iso mlebu kosakata anyar, sak elinge penulis kuwi sing biasane digabungke karo pager kuwi pager ayu opo pager mangan taneman, neng mbangane out of topic, jurus iki marai neng ngarepe Invoker mlebu pager es, asline kuwi Invoker nggo ngantil lemah sing koyo Avatar Aang kuwi neng ora ono animasine. Iki cen neng ngarepe Invoker, dadi kowe kudu ngepaske ojo miring-miring. Nek musuhe mlebu neng pager iku bakal mlakune dadi alon lan iso di gerayangi rame-rame karo konco-koncomu.

10. Deafening Blast (Meriam marai budeg) Quas Wex Exort
Gambare ora cetho ki, sing nulis mikir iki koyo kembang api nek ono wong mati, eh pas taun baru ding. Iki paling gampang diapalke, jupuk ae siji kabeh elemen. Invoker ngetokake energi koyo Getsuga Tensho ngono lah bentuke. Boom. Njuk musuhe sing keno bakal ono tanda seru ning duwure, lan ora iso ngantil kowe (pahlawane lho) nek sing player e ngantil kowe yo tetep iso.

Lah, akeh tenan to juruse pahlawan siji iki, muga-muga artikel iki iso bermanfaat kanggo bangsa lan negara Indonesia, salam olahraga

No comments:

Post a Comment