Tuesday 5 April 2011

Dota Bintang Kabeh : Barathum,sapi/banteng le mecahke jiwo

Nah, jebul ono update meneh, saiki mbangane kesuwen introduction sing ra penting, neng bagian kali iki bakal dijelaske meneh salah sawijine pahlawan Nah, neng dolanan iki kabeh pahlawan kuwi ono gelare dewe2, ono sing ora bakal marai kowe2 do wedi koyo dene raja balung, opo sing koyo jeneng supporter bal2an ,kesatria anarki(chaos knight), tapi nek sing pahlawan salah siji iki gelare cen wangun tenan, koyo jeneng sultan Hamengku Buwono, Paku Buwono, lan Mangku Negoro. Lha, sak jane neng judul artikel iki wis ono gelare, yaiku le mecahke jiwo, mbuh kuwi piye maksude le penting jenenge wangun lan sangar.

Neng dolanan iki ora mung menungsa opo sing ra ketang koyo menungso lah sing iso gelut, pahlawan siji iki asline ora ceto kewan opo, jarene sapi neng ketoke ra bakal, dadi bakal di sebut banteng ae neng kene. Le gelut yo wangun, gamane kuwi ora sembarangan, neng sing biasa ono neng angkringan ngendhi-ngendhi yaiku LAMPU PERTAMAX eh PETROMAX deng, njuk diantilke neng musuhe, Lha njuk opo ampuhe? Asline nek misale pas dolanan Dota Bintang Kabeh iki ono sing bejone entuk le mecahke jiwo iki mesti akeh le do mbatin,a*u(Sensor) tandane pahlawan siji iki mesti ampuh lan sakti mandraguna, neng bagian saklanjute bakal diceritakke jurus2e

1. Mlayu neng pepetengan (Charge of Darkness)
Asline translatione angel, dadi neng kene yo ditulis boso Inggrise ben nggo referensi, ki ceritane barathum iki gek jogging, njuk neng nduwur raine ono timere, seko 0.5 detik tekan 4.0 detik, lha nek wis 4 detik njuk bantenge iki ucul, mlayu banter banget lan awake dadi iteng kabeh ben musuhe do wedi, koyo neng kerep do ndelok adu banteng neng Spanyol kuwi. Njuk nek tekan musuhe piye? Musuhe ceritane pingsan, lha iyo lah, neng kok gur 2 detik, kuwi yo jenenge udu pingsan soyo meneh mati suri, anggap ae kecethit sithik, eh asline yo ora disrudhuk nggo tanduke neng diantil nggo lampu petromax mau.

2. Marai cepet (Empowering Haste)

Iki yo terjemahane angel, dadi ono versi originale. Iki mlebu jurus pasif, dadi ora usah dipencet. Iki salah sawijine mantra santet sing iso marai mlayune soyo banter, ora mung ndheweke, neng iyo konco2ne, musuhe ora melu. Asline mesti yo do milih sing iso marai ngantil luwih cepet, cepet rampung gelute njuk mbayar biling gamenete ora larang-larang udu mlayu banter neng yo tetep iso dioyak. Iki yo marai ngantile le mecahke jiwo luwih loro, ora mergo petromax e luwih gedhe neng mergo persentase seko bantere mlayu ditambah neng attack e.

3. MENCELAT!!
Lha, nek iki jenenge wangun sithik, dadi kudu nggo caps lock ben luwih sangar lan dikei tandha pentung "!". Iki yo mlebu jurus pasif, dadi kowe ora sah ngeklik neng juruse neng yo tetep diklik neng musuhe. Dadi mben Barathum ngantil ono peluang musuhe kuwi mencelat adoh, asline ora adoh2 tenan. Dadi pas musuhe gek mencelat kuwi ora iso bales ngantil, ngetokke santet, neng yo tetep iso misuh2. Mungkin jurus iki sing marai ndheke entuk gelar le mecahke jiwo, mergo marai musuhe emosi lan misuh2.

4. Ngantil karo ilang (Nether Strike)
Iki terjemahane luwih ora nggenah meneh, piye meneh cen ora ono terjemahan le luwih apik meneh je. Iki jurus paling ampuhe le mecahke jiwo, ceritane cah siji iki ngilang njuk langsung ngantil salah sawijine musuhe, wis nggono nek diantil musuhe yo mencelat, dadi iso diantil meneh lan meneh. Asline bingung meh ditambah opo meneh, dadi penjelasan liyane meh podho karo jurus MENCELAT! mau lah

Iki sing iso diceritakke seko pahlawan le mecahke jiwo iki, Muga-muga ae pedoman nggo pahlawan liya2ne iso cepet dirampungke, njuk dicetak, sebarke neng pertigaan kuburan Mrican.

Monday 4 April 2011

Dota Bintang Kabeh : Jah'rakal, rajane buto ijo sing iso kesurupan

Wis suwe banget ra nulis2 artikel le ra nggenah koyo nggene, lha jenenge blogger kok yo ra gawe2 tambahan opo2. Luweh background meh ora digenti lan ora dikei aneh2 le penting ono tambahan tulisan, reti2 ono wong sing nemokke blog iki neng google njuk dipromosikke rak yo gayeng to.

Sak jane le nulis ki pengen nggawe analisis in depth(angel njawakene) ing saben2 pahlawan sing iso dinggo ding dolanan Dota Bintang-bintang iki, tuku barang opo sek, njupuk jurus opo sek, cara2 gelut ben ora dipisuhi koncomu mergo kowe mainne goblok, njuk dikei animasi lan video ababil koyo nggono lah, neng jebul le nulis kuwi ora sekompeten iku, lha wong ijih kerep mati mainne kok yo meh nulis guide koyo nggono, kuwi podho ae ajaran le sesat. Wes nggono nek cen niate golek pedoman le nggenah kuwi akeh guide2 le nggenah koyo neng playdota.com, nek iki tenanan. Dadi neng artikel2 sing asline ora nggenah koyo ngene gur meh dijelaske sopo pahlawane kuwi, hubungane karo setting, plot, lan characteristik e(gur gojek), lan jurus2 e, sokur2 iso ditambahe gojekan lha nggenah.

Wes rampung lah bagian introductione, neng bagian kali iki bakal diceritakke salah sawijine pahlawan perang suci Baratayudha sing jenenge Jah'rakal, ra sah golek neng bagiane Pandawa utawa Kurawa mergo pahlawan sing siji iki kuwi ora mlebu endi2. Ceritane iki Jahrakal kuwi bangsa troll, rak yo angel golek kata neng boso Jawane, dadi Jahrakal kuwi anggap ae kolor ijo, eh udu ding, buto ijo sing mbiyen dilawanke karo Werkudoro. Nah, nek asline buto ijo kok yo mlebu pahlawan, iki ra bener.Neng game iki cen kabeh kuwi mlebu "hero:" sing jawane pahlawan.

Buto iki yo gelut ora nggo tangan kosong, neng nggo gaman.Udu keris soyo meneh bedil, neng gamane kuwi kapak 212 ne Wiro Sableng, nek gelut kuwi bisa dibalangke neng musuhe opo diantilke neng raine musuhe. Dadi ceritane buto iki fleksibel, wis nggono meneh awake rak ijo kabeh, jajal ae dilebolke alas nek dioyak musuh mesti yo tetep ae kowe sing dipateni. Lho, nek nggono opo apike? Neng bagian iki bakal diceritakke jurus2 buto ijo iki secetho-cethone.

1. Berserker Rage (Nesu Tenanan)
Iki juruse buto ijo sing nek diklik kowe bakal genti2 gamane, udu jenenge neng cara nganggone. Sakjane kowe kuwi mbalang kapak neng raine musuh, tapi nek jurus iki mbok pencet kowe bakal nyerang seko cerak. Lha nek nggono malah cerak musuh, opo apike? Jurus iki iso marai musuh sing mbok antil kuwi meneng selama 2 detik, udu mergo mouse opo keyboarde rusak neng mergo mumet, neng nduwur awake bakal ono tanda muter2.

2. Wuto
Jelas ae sing wuto kuwi udu buto ijone, neng yo musuhe amarga iki udu cerita Si Buto Ijo saking Gua Hantu. Ceritane jahrakal iki mbalang pasir neng mripate pahlawane musuh, njuk ceritane nek musuhe meh ngantil sok2 ora keno, njuk ono tulisan abang gedhe" DILARANG PARKIR" , asline udu seextrim kuwi, neng kulisane gur cilik (MISS), dadi buto ijone ora diantil musuh. mbuh nek sing maenke nesu2 njuk ngantil kowe mergo pahlawane ora iso nyerang jahrakal, kuwi lain ceritane.

3. Fervor
Nah, jurus iki ora reti terjemahane opo, asline terjemahan indonesiane semangat, neng jujur ae namane ora sangar dadi mending boso latine ae, jurus iki marai ben kowe ngantil musuh soyo suwi ngantile soyo cepet. Iki ono persentasene ,lvl 1 5% tekan level 4 20%, neng mbuh tenanan opo ora semono, le penting ngantile soyo cepet, soyo cepet matine, soyo cepet entuk duwite, Nek ono sing meh ngitung yo mangga..

4. KESURUPAN
jenenge ora salah, cen Trance kuwi terjemahane KESURUPAN. dadi buto ijo kuwi rak mlebu demit, lelembut,lan liya2ne, nek wis level 6 iso ngundang konco2ne ben mlebu neng awake lan konco2ne. Lha piye kuwi? Ampuhe jurus iki ngantile dadi soyo cepet, cen koyo wong kesurupan, dadi 60-140 %, ora mung neng kowe neng iyo neng konco2 sing mbuh gek gelut opo gek dolanan botol. Dadi iki jurus le ampuh lan iso dinggo ben bulan purnama jum'at kliwon (asline gur 20 detik)

Dadi kuwi sekilas tentang pahlawan dino iki, Jahrakal le rajane buto ijo sing iso kesurupan. Nek cen mergo moco iki dadi kepengen maen jajal ae mbukak petunjuk2 le luwih nggenah mbangane sing iki, muga2 bakal cepet ono update meneh.