Saturday 30 July 2011

Dota bintang kabeh:Kael, le ngetokke jurus (Invoker)

Wes suwi ra gawe postingan, reti2 wes rung sasi kliwat. Lha kuwi akeh faktor-faktore sing marai ora nulis, lan sing akeh dewe kuwi males lan ra duwe inspirasi. Nek nulis artikel ora cetho koyo ngene kuwi ora iso langsung makjleb neng ngarep kompi njuk idene iso njedul dewe, neng kudu golek inspirasi. Sing jenenge inspirasi kuwi iso teko seko ndi-ndi, lha dhalah pas neng dina lan wengi iki reti-reti duwe ide meh gawe tulisan ora bener koyo ngene.

Neng tulisan sing kaping lima iki bakal diceritakake salah sawijine pahlawan neng dolanan Dota Bintang Kabeh sing jenenge Kael. Mbuh jeneng dowone miKAEL opo liyane ora penting, sing penting jeneng neng dolanan iki Kael ae, ora kurang ora luwih. Lha Kael iki duwe gelar Invoker, mbuh kuwi jowone opo, wes jajal di jawakke neng judul artikel iki neng malah ketok ora cetho, koyo ora tau njupuk Translation English-Jowo ae, dadi ing sakteruse artikel bakal dijenengi Invoker ae.





Nek do nggumun, iki lho raine. gek pisan2 nek artikel iki di kei gambar, kuwi njupuke seko playdota.com, dadi nek meh golek referensi langsung ae browsing nek kono, ojo manut artikel ora cetho iki.

Bar iki bakal dijelaske siji-siji juruse invoker iki, sing marai pahlawan siji iki luwih wangun seko pahlawan liya-liyane yaiku dheweke duwe sepuluh jurus, tenanan ki sepuluh, sing liya-liyane gur iso papat. Dadi neng artikel iki bakal luwih dowo seko sing liyane, mergo ono sepuluh jurus sing bakal dijelaske neng kene.

Invoker kuwi gelute nganggo elemen, udu element grup band opo susu L-ment, neng koyo elemen neng Avatar sing Aang kuwi, udu Avatar sing wong-wonge do biru kabeh. Dadi invoker kuwi iso nganggo tigo element, yaiku:

Quas opo jawane Tirta(samudra), neng dolanan iki mergo banyu kuwi rak watake meneng-meneng neng iso marai kelep, dadi nek kowe nganggo element iki engko kowe dadi soyo kuat lan cepet nambah darahe

Wex, opo jawane Maruto (angin), jenenge cen mirip koyo ninja seko Konoha kae, neng iki cen tenanan jawane. Angin kuwi mlaku terus ,sok2 silir, sok2 banter, dadi element siji iki marai Invoker ngantile soyo cepet

Exort, opo jowone Dahana (geni/api) geni kuwi panas(iyo lah) lan iso marai kobong opo wae, ati wae iso diobong. Neng dolanan iki Exort marai kowe soyo pinter(ra nyambung yo) lan ngantile soyo loro (nek iki tenanan)

Lha rak yo do bingung,ndi juruse, lha kok gur telu, jarene sepuluh, wah didobosi iki..Iki durung rampung, element-element sing wes mbok jupuk kuwi iso dicampur dadi jurus, mergo iku ono sak wijine jurus sing jenenge Invoke

INVOKE :Combines the properties of the elements currently being manipulated, creating a new spell at the Invoker's disposal.
takkei boso asline, ben do mikir  Dadi element-element iki iso mbok pilih telu, iso seko salah sawijine element opo campuran, njuk kowe mencet tombol invoke njuk reti-reti ono jurus sing iso mbok nggo, angel yo njelaskene.

Misale kowe njupuk Quas telu,njuk engko element e kuwi mabur-mabur neng cerake Invoker

ki ono gambare, asline banyune gur siji neng yo ra popo lah, anggap ae ono, kari mbayangke ae kok yo susah to?

njuk to pencet tombol invoke, bentukane koyo kamus ngene loh:
Invoke
Add caption
lha dalah, kok malah metune setan koyo ngene??





Ra sah do wedi, cen raine medeni koyo sing gek moco artikel iki, intine kowe nduwe jurus siji sing iso mbok arahke neng raine musuhmu, ora pas rai yo ra popo le penting loro.

Jebul njelaske pahlawan siji iki cen angel banget top bgt..huft...dadi siji-siji juruse bakal dijelaske neng saklanjutane, rak yo do nggumun jurus sing mau kuwi asline meh nggo opo, muga-muga update terusane ora tekan rung sasi.

No comments:

Post a Comment