Sunday 27 February 2011

Dota Bintang Kabeh : Naix'le nyolong urip lan le dadi jeneng blog iki

Nuwun kaliyan panjengengan sedaya ingkang sampun kepareng mirsani blog kawula. Kawula niki mung manungsa biasa ingkang ora sampurna lan saget lepat(halah). Mugi-mugi panjengengan saged kahibur, ngguyu-ngguyu dewe, mboten marga postingane lucu nanging amarga ingkang kagungan blog mboten saged nggantos ngguri latar (background, sok2an di jawakke, padahal yo salah).


Kesel nggo kromo, bar iki boso burjonan ae yo


mumpung wis nggawe blog, neng jih bingung meh di isi opo, gek ra mood ngedit2 background opo liya-liyane, opo setidakke nulis artikel sing rodo nggenah sithik, neng posting kang pertama iki bakal ono tips, udu tips golek jodho opo garap poetry, neng tips nggunakake salah sawijining pahlawan ning game gaweanne kodok es sing jenenge DOTA Bintang Kabeh. Asline meh gawe posting nggo boso Inggris ben wangun sithik, neng engko malah dipikir plagiat, lha nek nggo Jowo rak orisinal banget ora yo?


Dolanan iki wis famous ket jaman sing lagi nulis iki jih SMP, asline dolananane ket mbiyen yo ra ono improvisasi, yo nggono-nggono ae ket mbiyen, (bal-balan yo asline ket mbiyen cen sewelas lawan sewelas, neng sering ono sebutan pemain ke dua belas, halah dadi off topik). Lha nek dolanan iki gur iso limo lawan limo, padahal seko jenenge ae(nggo Inggris ae yo) DEFENCE OF THE ANCIENTS, defence rak kudune akeh, koyo nek bal-balan bar ngegolke pemainne mundur kabeh. Conto liyane pas jamane penulis SMA nek meh di drop karo SMA liyane kuwi le nggumpul neng Obelix(jeneng nggon) kuwi tiap kelas kudu setor, lha nek dolanan iki kok gur iso limo lawan limo, piye jal kuwi?


Mau rak wis ditulis nek dewe kuwi senggele udu karo sing maen liyane, nek ngganggo karakter virtual jenenge Hero supermarket, lha dewe kon milih siji wae, padahal piliane tekan satus luwih. Hla herone kuwi sengojo di seimbangke ben gelute seru, ora nek dewe milih hero nggo senapan terus kari mbedil ae njuk musuhe tibo, dadi neng game iki kowe mbedil karo diantil nggo tangan ae malah loro nek diantil nggo tangan. Wis nggono yo mlakune digawe podo bantere, ono sing numpak jaran ning iso dioyak karo sing ngesot.


Wis semono ae yo pengantare, saiki bakal diceritakke lakonne sing nulis. Kuwi jenenge N'aix, nek bingung nggoleke yo golek ae le rupane koyo tonggomu, eh salah koyo zombie ding. Gelare wangun, lifestealer opo boso wangune nyolongurip, kuwi wangun dewe jenenge, mbangane nggolek getih(bloodseeker)raja balung(Skeleton King), opo ra duwe rai, wis ngono kosong meneh (Faceless Void). Sak jane ono sing jenenge yo wangun meneh mecahkejiwo(SpiritBreaker) neng izih kalah nggentho mbangane HamengkuBuwono( off topik meneh)


Nek podho nggumun, nggopo zombie dipilih, ra iso mlayu, bar kuwi nek kowe ndelok film2 koyo Resident Evil po AngkerBatu kuwi dibedil ndase ae wis koit. Iki bedo dab, zombiene iki wis diimprove, dibedil ora mati, diantil soyo meneh, diobong nggo geni ae ra mati, tapi nek warnete mati lampu yo zombiene melu mati. Ceritane nyolongurip iki wangun banget, lha iki tak ceritakke jurus-juruse.


1. Rage/Nesu
nyolongurip awake dadi tambah gedhe, awake njuk dipilox iteng kabeh tekan raine ora ketok. Njuk nggraut-nggrauti lawane koyo kethek po kucing, sing paling wangun kuwi pas ndheke nesu, musuhe meh nyantet ora iso keno, dadi dheweke dadi kebal nggono lah. Lha neng ono eleke, kuwi gur sedelok banget, 4,5 detik. Lha kuwi rak podho wae nggataki, nek yo kudu digawe koyo nggono lah, engko mbangane wong limo do milih naix kabeh.

2.Feast/nguntal
Ki jurus pasif, artine do ra sah mencet wis otomatis metu dewe, neng yo ojo lali di arahke musuhe. Iki ceritane naix nyokot musuhe koyo neng film2 zombie kuwi, neng mergo ora ono animasine dadi gur nyakar ae. Ampuhe jurus iki dadi nyowone musuh pindah neng nggonane dewe, dadi jenenge nyolongurip. Persentasene 4-7%, misale nek musuhe nyawane 1900 yo diitung dewe, lha sing nulis iki UAN matematikane gur entuk 4,26 je


3. Open Wounds/ Lukane mengo
Ki asline meh podho karo jurus ngguntal sing mau, neng bedane musuhe dadi ono animasine coklat2 ngono lah(angel le njelaskene)njuk musuhe dadi lemah syahwat, mlakune alon banget, neng ijih iso mbales nggantil awake dhewe, wangune jurus iki ora mung dewe sing iso nyolonguripe musuh, neng konco2ne dewe yo iso melu, padahal yo asline ra melu nyokot, malah ono sing mbedil jo nyawane tambah, piye jal kuwi?


4. Infect/Infeksi
Iki jurus paling maut(sakjane) neng asline paling ra cetho. Ceritane Naix dadi parasit po benalu mbuh njuk mlebu neng awake musuhe(ora iso hero musuh, engko ndak malah mlebune seko saluran *******(sensor, engko ndak diban)kuwi asline nggo ndelik, neng yo anak buahe dewe pekok, mesti nyerang musuh, ora mbalik markas, padahal sakjane rak dewe meh ndelik, ujung2ne anak buahe mati njuk dewe melu koit, akhire sing maen misuh2


Wis semono ae sing meh diceritakkake, asline meh dijelaske cara-cara gelut nggo nyolongurip neng neng ra nggo animasi ngko bingung, lha jujur ae sing gawe ora dong, background ae ra digenti-genti, Nek misale dadi yo ngko bakal diceritake lakon-lakon liyane sing ora kalah wangun, koyo tombak ra cetho (Phantom Lancer) lan liya-liyane, tekan sesok (kapan-kapan)


btw ki asline iso digawe paper, njuk dipresentasikke ning kelas Poetry

UPDATE

lha, iki rak sakjane jih pembukaan, nek kelas writing IV pas diajari nggawe essay kuwi jenenge introduction. Sakjane meh diteruske, neng sing nulis gek ora duwe inspirasi opo2 nggo nulis, ki pas gek ae entuk wangsit meh jajal diteruske guide/kepekan iki, sakjane komputere gek error, koneksine cenat-cenut, muga2 ae ra ngadat tengah dalan le nulis. (ki asline ra penting, gur ben ketok akeh ae)


Asline le nulis iki ra tau gawe guide, dadi wajar wae nek layout e ra cetho ngene, anyway neng bagian iki bakal dijelaske kelebihane lan kelepatanne le nyolong urip.


Plus'e
1. Jagoan nek gelut siji lawan siji
2. Iso nggo bahan mbacot, mergo mateni okeh
3. Angel matine


Elek'e
1. Ngganggone angel, soyo meneh pas awal2 maen
2. Jebul matine gampang, nek keruyukan

 Saiki bakal dijelaske kapan paling apik nek kowe meh milih le nyolong urip, ben ra ngisin2i dipateni karo musuh tekan dua digit.


Kapan apike milih le nyolong urip
1. Musuhe akeh le nganggo tipe kuat/Strength(asline ra sah dijawakke), soyo neh nek ono le   ganggo Barathum, le mecahke jiwo, iki pahlawan wajib dinggo
2. Gek bingung meh milih opo


Lha, asline le nulis blog iki ae arang2 nggo Naix, iki musuh2 sing angel dilawan
1. Sing ngetokke santet(tipe INT), asline Naix kuwi kebal santet, neng yo gur 4detik
2. Le nyerange banter banget, koyo Rikimaru lan konco2ne


Jebul iki ketoke wis kakehan, nek misale ono sing moco rak yo wis males nek diteruske, dadi bakal diteruske seluk beluk pahlawan siji iki neng postingan saklanjute(muga2 ae ora suwi)