Monday 4 April 2011

Dota Bintang Kabeh : Jah'rakal, rajane buto ijo sing iso kesurupan

Wis suwe banget ra nulis2 artikel le ra nggenah koyo nggene, lha jenenge blogger kok yo ra gawe2 tambahan opo2. Luweh background meh ora digenti lan ora dikei aneh2 le penting ono tambahan tulisan, reti2 ono wong sing nemokke blog iki neng google njuk dipromosikke rak yo gayeng to.

Sak jane le nulis ki pengen nggawe analisis in depth(angel njawakene) ing saben2 pahlawan sing iso dinggo ding dolanan Dota Bintang-bintang iki, tuku barang opo sek, njupuk jurus opo sek, cara2 gelut ben ora dipisuhi koncomu mergo kowe mainne goblok, njuk dikei animasi lan video ababil koyo nggono lah, neng jebul le nulis kuwi ora sekompeten iku, lha wong ijih kerep mati mainne kok yo meh nulis guide koyo nggono, kuwi podho ae ajaran le sesat. Wes nggono nek cen niate golek pedoman le nggenah kuwi akeh guide2 le nggenah koyo neng playdota.com, nek iki tenanan. Dadi neng artikel2 sing asline ora nggenah koyo ngene gur meh dijelaske sopo pahlawane kuwi, hubungane karo setting, plot, lan characteristik e(gur gojek), lan jurus2 e, sokur2 iso ditambahe gojekan lha nggenah.

Wes rampung lah bagian introductione, neng bagian kali iki bakal diceritakke salah sawijine pahlawan perang suci Baratayudha sing jenenge Jah'rakal, ra sah golek neng bagiane Pandawa utawa Kurawa mergo pahlawan sing siji iki kuwi ora mlebu endi2. Ceritane iki Jahrakal kuwi bangsa troll, rak yo angel golek kata neng boso Jawane, dadi Jahrakal kuwi anggap ae kolor ijo, eh udu ding, buto ijo sing mbiyen dilawanke karo Werkudoro. Nah, nek asline buto ijo kok yo mlebu pahlawan, iki ra bener.Neng game iki cen kabeh kuwi mlebu "hero:" sing jawane pahlawan.

Buto iki yo gelut ora nggo tangan kosong, neng nggo gaman.Udu keris soyo meneh bedil, neng gamane kuwi kapak 212 ne Wiro Sableng, nek gelut kuwi bisa dibalangke neng musuhe opo diantilke neng raine musuhe. Dadi ceritane buto iki fleksibel, wis nggono meneh awake rak ijo kabeh, jajal ae dilebolke alas nek dioyak musuh mesti yo tetep ae kowe sing dipateni. Lho, nek nggono opo apike? Neng bagian iki bakal diceritakke jurus2 buto ijo iki secetho-cethone.

1. Berserker Rage (Nesu Tenanan)
Iki juruse buto ijo sing nek diklik kowe bakal genti2 gamane, udu jenenge neng cara nganggone. Sakjane kowe kuwi mbalang kapak neng raine musuh, tapi nek jurus iki mbok pencet kowe bakal nyerang seko cerak. Lha nek nggono malah cerak musuh, opo apike? Jurus iki iso marai musuh sing mbok antil kuwi meneng selama 2 detik, udu mergo mouse opo keyboarde rusak neng mergo mumet, neng nduwur awake bakal ono tanda muter2.

2. Wuto
Jelas ae sing wuto kuwi udu buto ijone, neng yo musuhe amarga iki udu cerita Si Buto Ijo saking Gua Hantu. Ceritane jahrakal iki mbalang pasir neng mripate pahlawane musuh, njuk ceritane nek musuhe meh ngantil sok2 ora keno, njuk ono tulisan abang gedhe" DILARANG PARKIR" , asline udu seextrim kuwi, neng kulisane gur cilik (MISS), dadi buto ijone ora diantil musuh. mbuh nek sing maenke nesu2 njuk ngantil kowe mergo pahlawane ora iso nyerang jahrakal, kuwi lain ceritane.

3. Fervor
Nah, jurus iki ora reti terjemahane opo, asline terjemahan indonesiane semangat, neng jujur ae namane ora sangar dadi mending boso latine ae, jurus iki marai ben kowe ngantil musuh soyo suwi ngantile soyo cepet. Iki ono persentasene ,lvl 1 5% tekan level 4 20%, neng mbuh tenanan opo ora semono, le penting ngantile soyo cepet, soyo cepet matine, soyo cepet entuk duwite, Nek ono sing meh ngitung yo mangga..

4. KESURUPAN
jenenge ora salah, cen Trance kuwi terjemahane KESURUPAN. dadi buto ijo kuwi rak mlebu demit, lelembut,lan liya2ne, nek wis level 6 iso ngundang konco2ne ben mlebu neng awake lan konco2ne. Lha piye kuwi? Ampuhe jurus iki ngantile dadi soyo cepet, cen koyo wong kesurupan, dadi 60-140 %, ora mung neng kowe neng iyo neng konco2 sing mbuh gek gelut opo gek dolanan botol. Dadi iki jurus le ampuh lan iso dinggo ben bulan purnama jum'at kliwon (asline gur 20 detik)

Dadi kuwi sekilas tentang pahlawan dino iki, Jahrakal le rajane buto ijo sing iso kesurupan. Nek cen mergo moco iki dadi kepengen maen jajal ae mbukak petunjuk2 le luwih nggenah mbangane sing iki, muga2 bakal cepet ono update meneh.

No comments:

Post a Comment